OJO MALES SINAU, MASA DEPANMU ONO ING TANGANMU
Kahanan Saiki lan Pentinge Sinau Nek dipikir-pikir, urip ing jaman saiki iki pancen beda banget karo jaman mbiyen. Kabeh-kabeh serba cepet, serba teknologi. Teko dodolan online, ngolek informasi nang internet, sampek komunikasi karo sedulur adoh mek cukup ngeklik hape wae. Lha, ing kahanan sing kaya ngene iki, apa iya awake dhewe sik arep males-malesan sinau? Sinau iku dudu mung tegese lungguh nang bangku sekolah utawa kuliahan lho yo. Sinau iku proses ngerteni, nampa, lan ngembangake ilmu pengetahuan saka ngendi wae lan kapan wae. Teko maca buku, nonton video tutorial, melu kursus online, nganti njajal pengalaman anyar, kabeh iku jenenge sinau. Gambaran Masa Depan karo Sinau Bayangno ae, nek awak e dhewe gelem tenanan sinau, pasti akeh banget lawang rezeki sing bakal kebuka. Contone, kancaku sing biyen seneng banget sinau desain grafis, saiki wis duwe usaha dewe sing maju. dek e ora mung ngenteni lowongan kerja, nanging malah nggawe lapangan kerja. Iki kabeh merga dek e gelem ngembang...